Kamis, 23 Mei 2013

Atur pambagyo ngunduh manten Kel Eko Joko P 26 Mei 2013


ATUR PAMBAGYA HARJA  NGUNDUH PANGANTEN
Wewakili Bapak Eko Joko Prasetyo 26 Mei 2013
Ingkang  kinabekten sagung sepuh, soho pinisepuh
Ingkang  kinormatan sagunging poro tamu
Assallamu  Alaikum Wbrt.
Keparenga   paring palilah  kula semela atur  sawatawis,  nuhoni pamundutipun Bapak/Ubu  Eko joko Prasetyo,   pinangka sulih sariro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka  purwakaning atur :  sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji syukur  wonten ngarsanipun Alloh Swt  ingkang sampun  peparing rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Sepisan:
Bapak Ibu  Eko Joko Prasetyo, ngaturaken  kawilujengan menggah karawuhan poro  tamu sedoyo.
Mugi karawuhan  panjenengan  tansah winantu ing karaharjan,  saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Kel bapak Eko ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh,   ngunduh penganten sarimbit  Bagus Adi Riadin inggih putro kakungipun mbajeng Bapak Ibu Eko pikantuk Dyah Ayu Ani Haryati putro putrinipun Bapak/Ibu  Rubinem ingkang pidalem ing Jetak Sendangtirto Berbah Sleman
Menggah ijab kobul saha pawiwahan  sampun kalampahan dinten Wau enjang  ing Jetak,Sendangtirto  Berbah
Inggih awit  saking pujo- puji  , pangestu, saha pandonga ,saking  sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu , ijab Kabul sampun kalampahan  lir ing sambi kala.
Bapak/Ibu Eko  nyuwun sagunging poro rawuh  paring pangestu lan doa dumateng Alloh sopados  temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan sagedo dados keluarga ingkang sakinah mawadah warohmah. Amien.
Ongka tiga
Bapak/Ibu Eko ngaturaken,  agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman  panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha  dadosaken  lancer,  rancak,  lan sumaraking  pahargyan ing siang  punika.
Ewa semanten  keluawrgo  boten saget atur pinwales  punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya doa lan restu panjengan sedoyo  pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel  saking Alloh swt
Atur sak lajengipun. Bapak/Ibu Eko   anggenipun kagungan kersa  ngunduh penganten,  sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten  tasih kathah kekiranganipun.
 Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasila saha kirang subosita. Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung    agunging pangar sami ingkang linangkung dumateng panjenengan sedoyo.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur  wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila,  wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga  pinanggih,
Akhirul kalam wbst.