ATUR
PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN
Wewakili Bapak Eko Joko Prasetyo 26 Mei 2013
Ingkang kinabekten sagung sepuh, soho pinisepuh
Ingkang kinormatan sagunging poro tamu
Assallamu Alaikum Wbrt.
Keparenga paring palilah kula semela
atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Bapak/Ubu Eko joko Prasetyo, pinangka sulih sariro, talanging atur wonten
ngarsa anjengan.
Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken ,
puja-puji syukur wonten ngarsanipun Alloh Swt ingkang sampun peparing rahmad saha
barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Sepisan:
Bapak Ibu Eko
Joko Prasetyo, ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan poro tamu sedoyo.
Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu
ing karaharjan, saha tansah pinayungan
Gusti ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Kel bapak Eko ing titi kalenggahan siang punika nuhoni
jejibahan tyang asepuh, ngunduh
penganten sarimbit Bagus Adi Riadin inggih putro kakungipun mbajeng Bapak
Ibu Eko pikantuk Dyah Ayu Ani Haryati putro putrinipun Bapak/Ibu Rubinem ingkang pidalem ing Jetak
Sendangtirto Berbah Sleman
Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun
kalampahan dinten Wau enjang ing Jetak,Sendangtirto
Berbah
Inggih awit saking pujo- puji , pangestu,
saha pandonga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu , ijab
Kabul sampun kalampahan lir ing sambi kala.
Bapak/Ibu Eko nyuwun sagunging poro rawuh paring pangestu lan doa dumateng Alloh sopados
temanten sarimbit mugi anggenipun
ngayahi jejibahan gesang bebrayan sagedo dados keluarga ingkang sakinah mawadah
warohmah. Amien.
Ongka tiga
Bapak/Ibu Eko ngaturaken, agenging panuwun ikang
tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman panjenengan ingkang arupi punopa
kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha
dadosaken lancer, rancak, lan sumaraking pahargyan ing siang
punika.
Ewa semanten keluawrgo boten saget atur pinwales punapa-punapa,
hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya doa lan restu panjengan
sedoyo pikantuk lelintu ingkang
matikel-tikel saking Alloh swt
Atur sak lajengipun. Bapak/Ibu Eko anggenipun
kagungan kersa ngunduh penganten, sampun krancang, karacik, saha
katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun.
Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan
panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasila saha kirang subosita. Mila awit
saking punika mawantu-wantu nyuwung agunging pangar sami ingkang linangkung
dumateng panjenengan sedoyo.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula
matur wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila,
wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,
Akhirul kalam wbst.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar